Selamat Datang!

343 Brekat Walimah (Kado Dina Dadine Kabupaten Brebes)


Daning: Atmo Tan Sidik


Lamon sampeyan mung pan ceramah 

Wong kene saben dina wis pada kuliyah

Kuliyah subuh, kuliyah dhuha, kuliyah pitung menit

Lamon sampeyan mung pan pidhato

Wong kene wis arang sing bisa dibebodho

Lamon sampeyan mung pan gorohan 

Wong kene wis paham makna layangan

Lamon sampeyan mung pan hah-hoh

Wong kene ora gelem ‘wah’, luruhe ‘woh’


Kiye ana kyai lagi mulang

Bab makna walimahan

“Yen ngaji nggo luruh pinter …

… jamaah nggo luruh bener”

Mulang bab ayat kauniyah

“Maknane manggis 

… umpamane duren

Semono uga dondong sem

Rambutan, kesemek,

Luwih-luwih maknane klapa ijo”


Nang ngarepe 343 wong sing padha walimah 

Kyaine pesen: “Yen pengin dadi banyu, 

Dadiya banyu klapa ijo, sing miline mendhuwur”

“Yen pan dadi kertas, 

Dadiya layangan, sing eben menangan …

Kapan narik, kapan ngulur kudu brayan, 

Benange kudu nganggo gelasan sing temenan”


Karo sinau galur silsilahe Nabi Khidir

Kyai pesen: “Sing imbang anggon mikir karo zikir”

Eben wong pesisir ora kesingkir,

Nyambut gawe aja mlintir

Sebab glagat wis mein tetabuhan …

Kentong titir 


Sing nduwe cangkem, ora usah mukir

Ora usah suker 

Kari nutup nganggo masker 

Nutule jentik saiki kudu sing apik

Aja nakal maring wong cilik

Aja maen politik licik

Mengkone njempalik


Kabupaten Brebes jam kiye butuh ceplik

Wong sing bisa otak-atik keadaan

Dadi luwih apik 

Mulane 343 berkat walimah 

Dibagi, 313 kanggo bocah yatim

Sing 30, kanggo dukun bayi

Kanggo pamong tani

Kanggo sing ngurus pandemi 

Kanggo tim sukses bin bakul ingser 

Clonas, biro jodo, bakul jamu

Nggo sing mbabad godong randha lengus 

Nggo sing dodol kupat blengong, 

orog-orog, blendhung, gemblong tekek

Rujak teplak, opak, sagon siru pandan, 

cimplung klapa, ketan pencok, alu-alu

Kanggo tukang sing motokopi KTP

Mbokan, ning waktune ana calon independen 


Berkat walimah isine roa 

Ana dendenge, ana endhog asine, ana srundenge, 

Ana bandenge, ana gesekke

Tapi sing jelas durung ungsum 

Ana rujak nanas sing bumbune patrol burak

Sebab wong sing 343 anggon ndonga 

Kabupaten Brebes pengin luwih tumata

“Mangesthi Wicara Ebahing Praja”

Nang penutupe walimah 

Kabeh padha maca … Al-Fatihah.(Penulis adalah Budayawan Pantura)

Share this post :

Berita Populer

Statistik

 
| |
Copyright © 2016. ranahpesisir - All Rights Reserved
Admin by redaksi
Proudly presetnt by ranahpesisir.com