Selamat Datang!

Wong Jowo Kok Ditantang

DALAM sebuah pengajian di sebuah Pondok Pesantren di Solo Raya, seorang Jama'ah bertanya pada Kyai.

Jamaah :
“Jika kita melihat negara lain di luar, kelihatannya lebih maju dan lebih makmur dari kita. Bagaimana pandangan Pak Kyai tentang hal ini ?”

Pak Kyai : “Contone negoro sing luwih maju seko awak'e dewe ki sing endi ?”

Jamaah :
“Amerika Pak Kyai”

Pak Kyai :
“Amerika sing luwih maju opone ?”

Jama’ah pun tertawa semua.

Pak Kyai melanjutkan :

“Tak kandani yo, nang Amerika kuwi kelas Professor ki hp-ne Nokia lawas. Neng kene tukang batu wis duwe Smartphone. Aku ra ngerti Amerika kok arani luwih maju ki apane. Daya beli mereka rendah. Mereka gajinya besar tapi barang mahal. Nang kene ra duwe gaji wani rabi.

Indonesia daya belinya dahsyat. Nek ra percoyo njajal nang Singapura.

Nek ono toko sing blonjo wong Indonesia, regane diundakno.
Nang Mekkah, nang Vietnam, awake dewe blonjo mesti regane diundakke, soalnya mereka menganggap semua orang Indonesia kaya.

Amerika apane sing luwih maju ?.

Nang Jepang ra iso wong biasa tuku motor. Nang kene modal 500 ewu motor diter-terke tekan ngomah.

Nang Jepang yo kowe angel golek konco ro tonggo, opo meneh nek kulitmu warnane bedo. Nang kene angger jeh apal Pancasila, kuwi koncomu kabeh, kuwi sedulurmu kabeh. Opone sing luwih maju ?

Nang kene kowe ndelok Liga Inggris, Liga Spanyol, Liga Champion sak karepmu.

Nang Inggris kowe kudu mbayar, malah ono sing inden ngasi telung sasi ming arep ndelok bal-balan Liga Inggris.

Koyo ngono kok luwih maju !!!

Kowe nang Malaysia, nang Vietnam, nang Thailand, nginepo nang hotel po losmen.

Jam rolas mbengi metuo, golekko mie rebus, golekko udud, golekko kopi. Ra ono, wis do tutup kabeh, ra ono wong metu. Nang Solo kene wayah jam loro bengi malah wiwit metu gudeg ceker Margoyudan. Opone sing luwih maju ?

Nang Solo kene ono pirang macem sambel. Khususe nang jalan Mas Said, warung kuliner sedio 40 macam sambel

Pendak warung bedo panganane.
Macem-macem, ngasik mumet ndasmu lek mikir.
Nang Eropa kono, seko pucuk elor Norwegia tekan pucuk kidul Spanyol badogane podo, njelehi.

Ngono kuwi luwih maju ?.

Nang Cino, kowe gawe anak mung oleh siji thok. Punjul seko siji dicekel diinterogasi pemerintah.
Nang kene omah jeh ngontrak pendak dino gawe anak.

Ngendi negoro sing luwih maju ?

Seluruh dunia, yang bisa mensyukuri keberadaan daun pisang mung wong Jowo.

Godong gedang isoh dadi pincuk, taqir, dadi suru, dadi lontong, lemper, arem-arem lan sak piturute.

Di saat negara lain berlomba membuat produk bungkus makanan ramah lingkungan, wong Jowo wis ket jaman kuno nggawe produk sing ramah lingkungan kuwi.

Aku nek pas dolan luar negeri rung tau nemoni biting.
Onone mung staples.
Loh....mbok kiro biting ki gampang.
Mbiyen butuh beratus tahun nggo nemokke biting.
Saiki gampang... mung gari niru.
Mung seko biting wae isoh ndadekke sugih mblegedu. Iso gawe industry gede.

Negoro ngendi sing luwih maju ?

Awak'e dewe ki negoro sing paling disayang "Gusti Allah", rasah minder.

Bangga'o karo negoromu dewe... Bangunen...
Ben anak cucumu ngrasakke... Sadaro yo... Seng akor karo dulure kabeh (copas/*)


Share this post :

Berita Populer

Statistik

 
| |
Copyright © 2016. ranahpesisir - All Rights Reserved
Admin by redaksi
Proudly presetnt by ranahpesisir.com